Bawa kanggo ganongan

dening : Lamijo Setyo Pramono

Berikut contoh bawa pambuka untuk penampilan ganongan

.. Kocap kacarita dhek nalikaning semana
ana kraton kang aran Bantar Angin ya kang kawentar bakal sinebut dadi Ponorogo. Mula hing kana kacarita ingkang jumeneng ratu ya sang Prabu Kelana Sewandana kalawan Sang Patih Pujangga Anom,… Wau toh ingkang cinarita, sang prabu nembe semedi muhung paringe Jawata, murih bisa ngleksanani bebanane Sang Putri Songgo Langit. Sawise Pujangga Anom yo Bujang Ganong banjur pinaringan pecut saman-diman lan topeng kencana. Ing kana mula banjur kapundhut dene Prabu Kelana Sewandana, ing mangkono toh .. ing pangangkah kanggo ngubah warnane, krana gandeng kalah panguwasa kalawan Prabu Kelana Sewandana mula nora bisa kasembadan dadi tetep bujang ganong kang awujud GANONGAN …